
Dhaptar lagu
Pamuter musik Walkman™ kanthi otomatis nggawe dhaptar lagu Cerdas ing tab
dhaptar lagu ing perpustakaan pamuter Walkman™. Sampeyan uga bisa nggawe
dhaptar lagu dhewe saka musik sing disimpen ing kertu memori telpon.
Kajaba iku, sampeyan bisa instal aplikasi Media Go™ ing komputer lan nggunakake
aplikasi iku kanggo nyalin dhaptar lagu saka komputer menyang kertu memori
telpon.Kanggo informasi luwih lengkap, waca Nyambungake telpon menyang
komputer
ing kaca 91.
Nggawe dhaptar lagu dhewe
1
Ing pamuter Walkman™, tutul MUSIKKU.
2
Kanggo nambahake artis, album utawa trek menyang dhaptar lagu, demek
terus jeneng artis utawa judhul album utawa trek mau.
3
Ing dialog sing mbukak, tutul Tambah nyang dhaptar lagu > Gawe dhaptar
lagu anyar
.
4
Ketik jeneng kanggo dhaptar lagu banjur tunyuk OK.
Kanggo nambah trek menyang dhaptar lagu
1
Nalika nelusur perpustakaan pamuter Walkman™, demek terus jeneng artis
utawa judhul album utawa trek sing pengin ditambahake.
2
Tutul Tambah nyang dhaptar lagu.
3
Tutul jeneng dhaptar lagu sing sampeyan pengin nambahake jeneng artis,
album utawa trek. Artis, album utawa trek ditambahake menyang dhaptar lagu.
Muter daftar lagu dhewe
1
Ing pamuter WALKMAN, tutul MUSIKKU.
2
Tunyuk .
3
Ing bab Dhaptar lagu, tutul dhaptar lagu.
4
Tunyuk track kanggo muter.
Kanggo mbusak track saka dhaftar lagu
1
Ing dhaptar lagu, tutul terus judhul trek sing arep dibusak.
2
Tunyuk Busak saka dhaptar lagu.
Mbusak dhaptar lagu
1
Ing pamuter Walkman™, tutul MUSIKKU banjur pilih Dhaptar lagu.
2
Demek terus dhaptar lagu sing pengin dibusak.
3
Tutul Busak.
4
Tutul Busak maneh kanggo konfirmasi.
Sampeyan ora bisa mbusak dhaptar lagu gawan.