Sony Xperia E - Miwiti Email

background image

Miwiti Email

Gunakake aplikasi Email ing ponsel kanggo ngirim lan nampa email liwat akun email

reguler utawa liwat akun perusahaan. Utawa sampeyan bisa nindakake loro-lorone.

Ponsel bisa nangani sawetara akun email bebarengan. Sampeyan bisa nyiyapake

akun-akun iki supaya bisa nganggo kothak mlebu gabungan, utawa nganggo kothak

mlebu kapisah. Elinga yen email sing ditampa ing akun Gmail™ bisa diakses ing

ponsel saka aplikasi Email lan Gmail™.

Pesen-pesen email Microsoft® Outlook® perusahaan kudu disimpen ing server

Microsoft® Exchange supaya fungsi sing wis kasebut ing ndhuwur bisa aktif. Waca

Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan

ing kaca 95 kanggo mangerteni

informasi sing luwih akeh.

Nggunakake akun email

Nggawe akun email ing ponsel

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul .

3

Tik alamat email lan sandhi, banjur tutul Sabanjure.

4

Yen setelan akun email ora bisa diundhuh kanthi otomatis, rampungake

persiyapan kanthi manual. Yen perlu, kontak panyedhiya layanan email kanggo

mangerteni setelan rinciane. Kanggo ngatur wiwitan email perusahaan ing

telpon, pilih Exchange Active Sync minangka jinis akun.

5

Yen sampeyan disaranake, tik jeneng kanggo akun email, supaya gampang

dikenali. Jeneng sing padha katon ing email sing dikirim saka akun iki. Yen wis

rampung, tutul Sabanjure.

Sampeyan bisa nyiyapake akun email luwih saka siji.

Nyetel akun email minangka akun gawan

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul .

3

Penet , banjur tutul Setelan.

4

Tutul akun sing arep digunakake minangka akun gawan kanggo nulis lan ngirim

email.

5

Centhang kothak Akun gawan. Kothak mlebu akun gawan ditampilake saben

sampeyan mbukak aplikasi Email.

Yen sampeyan mung duwe siji akun email, akun kasebut kanthi otomatis dadi akun gawan.

Nambah akun email liyane ing telpon

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul .

3

Penet , banjur tutul Setelan.

4

Tutul Tambah akun.

5

Ketik alamat email lan sandhi, banjur tutul Sabanjure.

6

Yen setelan akun email ora bisa diundhuh kanthi otomatis, rampungake

persiyapan kanthi manual. Yen prelu, hubungi panyedhiya layanan email

kanggo rincian setelan.

7

Yen dijaluk, ketik jeneng kanggo akun email sampeyan, supaya bisa gampang

dingerteni. Jeneng kasebut ditampilake ing email sing dikirim saka akun iki.

8

Yen wis rampung, tutul Sabanjure.

51

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Mbusak akun email saka telpon

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul .

3

Penet , banjur tutul Setelan.

4

Tutul akun sing pengin dibusak.

5

Temokake banjur tutul Busak akun > OK.

Gmail™ lan layanan Google™ liyane

Yen sampeyan duwe akun Google™, sampeyan bisa nggunakake aplikasi Gmail™

ing telpon kanggo maca, nulis lan ngatur pesen email. Sakwise nyiyapake akun

Google™ ing telpon, sampeyan uga bisa ngobrol karo kanca-kanca kanthi

nggunakake aplikasi Google Talk™, nyelarasake aplikasi tanggalan telpon nganggo

Google Calendar™, lan ngundhuh aplikasi lan game saka Google Play™.

Layanan lan fitur sing diterangake ing bab iki bisa ora didhukung ing kabeh negara utawa

wilayah, utawa karo kabeh jaringan lan/utawa panyedhiya layanan ing kabeh wilayah.

Nggawe akun Google™ ing telpon

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk Setelan > Akun & sink > Tambah akun > Google.

3

Tindakake tuntunan registrasi kanggo nggawe akun Google™, utawa mlebu

yen sampeyan wis duwe akun. Telpon saiki wis siyap digunakake nganggo

Gmail™, Google Talk™ lan Google Calendar™.

Sampeyan uga bisa mlebu utawa nggawe akun Google™ saka panuntun persiyapan nalika

sepisanan nggunakake telpon. Utawa sampeyan bisa nyambung online lan gawe akun ing

www.google.com/accounts

.

Kanggo mbukak aplikasi Gmail™

1

Saka Layar ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk Gmail.