Sony Xperia E - Nggunakake Film

background image

Nggunakake Film

Muter klip video ing Film

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk Film. Kabeh film ditampilake ing tampilan kothak.

3

Tutul film sing arep dipilih, banjur tutul kanggo muter.

4

Kanggo nampilake utawa ndhelikake kontrol, tutul layar.

5

Kanggo ngaso film, tutul .

6

Kanggo nggulung mundhur cepet film, seret pananda garis proges ngiwa.

Kanggo nggulung maju cepet film, seret pananda garis proges nengen.

Muter film ing layar wutuh

1

Nalika film lagi diputer, tutul layar kanggo nampilake kontrol.

2

Tunyuk .

Kanggo muter film ing ukuran sing asli, tutul .

Enggo bareng film

1

Nalika film lagi muter, penet , banjur tutul Tuduhake.

2

Ing menu sing mbukak, tutul aplikasi sing arep digunakake kanggo enggo

bareng video sing dipilih, banjur tindakake langkah sing cocog kanggo ngirim.

Njupuk katrangan bab film kanthi manual

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk Film. Kabeh film ditampilake ing tampilan kothak.

3

Penet , banjur pesthekake yen kothak centhang Mode online wis diwenehi

tandha lan sambungan data wis ana ing telpon.

4

Demek terus film sing arep dijupuk katrangane, banjur tutul Tlusuri info ing

dhaptar sing katon.

5

Ing kolom telusur, tik tembung kunci film kasebut, banjur tutul . Kabeh sing

cocog ditampilake ing dhaptar.

6

Tutul kasil sing dipengini, banjur tutul Rampung. Wiwit ngundhuh katrangan.

7

Yen wis rampung ngundhuh, tutul film kanggo ndeleng katrangane. Yen

katrangan durung bener, tutul banjur telusur maneh.

Prabeya pindhah data bisa uga diterapake.

Mbusak katrangan bab film

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk Film. Kabeh film ditampilake ing tampilan kothak.

3

Demek terus film sing dipengini, banjur tutul Busak info saka dhaptar sing

katon.

80

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.