
Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™
Nginstal aplikasi saka sumber sing ora dingerteni utawa ora dipercaya bisa ngrusak
telpon. Kanthi gawan, telpon sampeyan disetel kanggo mblokir panginstalan kasebut.
Nanging, sampeyan bisa ngganti setelan iki lan ngidini panginstalan saka sumber sing
ora dingerteni.
Sony ora menehi jaminan utawa garansi babagan kinerja aplikasi saka pihak katelu utawa isi
sing ditransfer liwat undhuhan utawa antarmuka liyane menyang telpon sampeyan. Kajaba iku,
Sony ora tanggung jawab kanggo karusakan apa wae utawa kamunduran kinerja telpon
amarga transfer isi saka pihak katelu. Mung gunakake isi saka sumber sing dipercaya.
Hubungi panyedhiya isi manawa sampeyan duwe pitakon utawa uneg-uneg.
Ngidini panginstalan aplikasi ora saka Google Play™
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tunyuk Setelan > Keamanan.
3
Centhang kothak Sumber ora dingerteni.
36
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.