Sony Xperia E - Informasi hukum

background image

Informasi hukum

SonyC1505/C1504

Pandhu Pangguna iki diterbitkake dening Sony Mobile Communications AB utawa perusahaan afiliasi lokal,

tanpa jaminan babar pisan. Pangapikan lan owahan ing Pandhu pangguna iki dibutuhake amarga ana

kesalahan panulisan, informasi anyar sing ora akurat, utawa pangapikan program lan/utawa peralatan, dening

Sony Mobile Communications AB sakwayah-wayah tanpa kabar babar pisan. Nanging, pangowahan kasebut

bakal digabung menyang edisi anyar Pandhuan pangguna iki.
©Sony Mobile Communications AB, 2012.
Kabeh hak dilindhungi undhang-undhang.

Ponsel sampeyan nduweni kemampuan kanggo ngundhuh, nyimpen lan nerusake isi tambahan, kayata dering.

Panggunaan isi kasebut bisa uga diwatesi utawa dilarang dening hak pihak katelu, kalebu nanging ora winates

ing watesan saka undhang-undhang hak cipta sing ditrapake. Sampeyan, lan dudu Sony, sing tanggung jawab

total kanggo isi tambahan sing diundhuh menyang utawa sing diterusake saka ponsel sampeyan. Sadurunge

nggunakake isi tambahan, verifikasi manawa panggunaan sampeyan wis dilisensi kanthi bener utawa wis diijini.

Sony ora njamin akurasi, integritas utawa kwalitas samubarang isi tambahan utawa samubarang isi pihak

katelu. Ing samubarang kondhisi Sonyora tanggung jawab marang panyalahgunaan isi tambahan utawa isi

pihak katelu liyane.

Pandhuan pangguna iki bisa uga ngrujuk layanan utawa aplikasi sing diwenehake dening pihak katelu.

Panggunaan program utawa layanan kasebut perlu registrasi dhewe karo panyadhiya pihak katelu lan bisa uga

tundhuk karo katemtuan panggunaan tambahan. Kanggo aplikasi sing diakses ing utawa liwat situs web pihak

katelu, waca dhisik sarat panggunaan lan kabijakan privasi sing ditrapake situs web kasebut. Sony ora menehi

jaminan utawa garansi babagan kasadhiyan utawa kinerja samubarang situs web utawa layanan sing

ditawakake.

Copot baterei kanggo ndeleng informasi peraturan kayata tandha CE.

Kabeh jeneng produk lan jeneng perusahaan sing disebutake ing kene minangka merek dagang utawa merek

kadhaptar pamilik. Hak liyane sing ora disebutake ing kene tetep dilindhungi. Kabeh merek dagang liyane

minangka properti saka pamilike dhewe-dhewe.

Bukak

www.sonymobile.com kanggo informasi liyane.

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake ponsel.

Produk iki dilindhungi karo hak properti intelektual tartamtu saka Microsoft. Panggunaan utawa panyebaran

teknologi kasebut ing sanjabane produk iki dilarang tanpa lisensi saka Microsoft.

Pamilik isi nggunakake teknologi manajemen hak digital Windows Media (WMDRM) kanggo nglindhungi

properti intelektuale, kalebu hak cipta. Piranti iki nggunakake piranti lunak WMDRM kanggo ngakses konten

sing dilindhungi WMDRM. Yen piranti lunak WMDRM gagal nglindhungi isi, pamilik isi bisa njaluk Microsoft

njabut kemampuan piranti lunak kanggo nggunakake WMDRM kanggo muter utawa nyalin isi sing dilindhungi.

Pembatalan ora mengaruhi isi sing ora dilindhungi. Yen sampeyan ngundhuh lisensi kanggo isi sing dilindhungi,

kuwi ateges sampeyan setuju manawa Microsoft bisa ngamot dhaptar panjabutan karo lisensi kasebut. Pamilik

isi bisa njaluk sampeyan ningkatake WMDRM kanggo ngakses isine. Yen nolak paningkatan, sampeyan ora

bisa ngakses isi sing mbutuhake paningkatan.

Produk iki dilisensi karo MPEG-4 visual lan lisensi portofolio paten AVC kanggo panggunaan pribadhi lan non-

komersial kanggo (i) enkoding video sing selaras karo standar MPEG-4 visual ("MPEG-4 video") utawa standar

AVC ("AVC video") lan/utawa (ii) dekoding video MPEG- 4 utawa AVC sing dienkode dening konsumen sing

melu kegiatan pribadhi lan non-komersial lan/utawa dipikolehi saka panyedhiya video sing dilisensi dening

MPEG LA kanggo nyedhiyani video MPEG-4 lan/utawa AVC. Ora ana lisensi sing diwenehake utawa disetujoni

kanggo panggunaan liyane. Informasi tambahan kalebu babagan panggunaan promosi, internal lan komersial

lan lisensi bisa dipikolehi saka MPEG LA, L.L.C. Bukak http://www.mpegla.com. Teknologi dekoding MPEG

Layer-3 dilisensi saka Fraunhofer IIS lan Thomson.

113

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.