
Navigasi kaca web
Milih link
•
Tutul link kanggo milih link kasebut ing kaca web. Link sing dipilih bakal disorot,
lan kaca web bakal wiwit diundhuh sawise sampeyan ngeculake driji.
Yen ora sengaja salah milih link sadurunge ngeculake driji, seret driji adoh saka link kasebut
kanggo wurung milih.
Mbukak kaca sadurunge nalika njelajah
•
Pencet .
Nggedhekake utawa nyilikake kaca web
Gunakake salah siji metode nggedhekake utawa nyilikake ing kaca web:
•
Tutul pindho kanggo nggedhekake kaca web, utawa tutul maneh pindho kanggo
nyilikake.
•
Tutul bagean ing kaca nganggo rong driji bebarengan banjur ambakake kanggo
nggedhekake, utawa ciutake kanggo nyilikake.
Muat maneh kaca web saiki
•
Pencet , banjur tunyuk Refresh.
Nyimpen kaca web kanggo tampilan offline
1
Sawise kaca web dimuat, penet .
2
Tutul Simpen kanggo maca offline. Banjur bakal ditampilake tab Kaca
disimpen
, lan bisa ndeleng kabeh kaca web sing disimpen.
Yen kertu memori ora kasedhiya, kaca web ora bisa disimpen.
Pratinjau kaca web sing dibukak sadurunge
1
Nalika browser mbukak, gulung cepet mudhun ing layar kanggo nampilake
telusuran lan baris aplikasi.
2
Tutul ing jejere telusuran lan baris aplikasi.
3
Tutul banjur tutul tab Kaca disimpen.
4
Temokake banjur pilih kaca web sing pengin dideleng.
Muat versi nyata kaca web offline
1
Nalika kaca web offline mbukak, penet .
2
Tutul Bukak langsung.
Njaluk kaca web versi desktop
1
Nalika nelusuri kaca web, penet .
2
Tutul Jaluk situs desktop.
Yen milih ndeleng versi desktop kaca web ing sawijining jendhela, kaca web liyane sing
dideleng mengko ing jendhela kasebut bakal nampilake versi desktop. Tutul maneh Jaluk situs
desktop kanggo mbalekake setelan.
Nganggo bareng link menyang kaca web saiki
1
Nalika njelajah, penet .
2
Tutul Bagi kaca.
3
Pilih cara ngirim sing kasedhiya, banjur tindakake pandhuan ing layar.
Nutup jendhela browser
1
Nalika browser mbukak, gulung cepet mudhun ing layar kanggo nampilake
telusuran lan baris aplikasi.
2
Tutul ing jejere telusuran lan baris aplikasi. Ditampilake dhaptar kabeh
jendhela sing mbukak.
3
Tutul ing jendhela sing pengin ditutup, utawa gulung cepet jendhela ngiwa
utawa nengen kanggo nutup.
82
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.