
Babagan kamera
Nganggo kamera ponsel, sampeyan bisa njupuk potret 2D biasa. Kirim potret lan
video menyang kanca minangka pesen multimedia, utawa unggah menyang layanan
web.
Ringkesan kontrol kamera
1
Zoom nggedhekake utawa nyilikake
2
Layar kamera utama
3
Ngalih ing antarane kamera foto lan video
4
Tombol kamera – Nguripake kamera/Njupuk foto/Ngrekam video
5
Nuduhake kabeh setelan
6
Njupuk foto utawa ngrekam klip video
7
Mundur salangkah utawa nutup kamera
8
Ndeleng foto lan video
9
Lambang setelan kamera
Tips nalika nggunakake kamera
Aturan saprotelon
Aja manggonake subyek ing bagian tengah pigura. Kanthi manggonake ing
saprotelone, sampeyan bisa entuk asil sing luwih apik.
Cekeli nganti anteng
Ngindhari foto burem kanthi nyekel kamera nganti anteng. Coba antengake tangan
kanthi nyelehake ing obyek sing kuwat.
Cedhakake
Kanthi nyedhak sabisane menyang subyek, sampeyan bisa ngebaki layar kamera
karo subyek.
Gawe variasi
Coba njupuk saka sudhut liyane, lan maju nyedhaki subyek. Jupuk sawetara foto
vertikal. Coba posisi liyane.
Gunakake latar mburi kosong
Latar mburi kosong mbantu nyorot subyek.
Usahake lensa tetep resik
Ponsel digunakake ing kabeh cuaca lan panggonan, lan digawa-gawa ing kanthong
utawa tas. Iki nyebabake lensa kamera dadi reged dan ditutupi sidik jari. Gunakake
kain sing lembut kanggo ngresiki lensa.
66
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.