Sony Xperia E - Setelan kamera video

background image

Setelan kamera video

Kanggo nyetel setelan kamera video

1

Aktifake kamera.

2

Yen kamera video ora dipilih, seret menyang .

3

Tutul salah sijine lambang setelan ing sisih kiwa layar.

4

Kanggo nampilake kabeh setelan, penet .

5

Pilih setelan sing arep diatur, banjur owahi saksenenge.

Ngatur panel setelan kamera video

1

Nalika kamera video mbukak, penet kanggo nampilake kabeh setelan.

2

Tutul terus setelan sing arep dipindhah banjur seret menyang posisi sing

dipengini.

Yen sampeyan nyeret setelan ing sanjabane panel setelan, pangowahan dibatalake.

Ringkesan setelan kamera video

Sesawangan

Fitur Sesawangan mbantu nyiyapake kamera kanthi cepet kanggo situasi umum

nggunakake sesawangan sing wis diprogram. Kamera nemtokake sawetara setelan

70

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

sing bisa dicocogake miturut sesawangan sing dipilih, kanggo njupuk video sing paling

apik.

Off

Fitur Sesawangan mati lan video bisa dijupuk kanthi manual.

Pemandangan wengi

Yen diuripake, sensitivitas cahya bakal tambah. Gunakake ing lingkungan sing kurang cahya. Video

kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga supaya tangan anteng, utawa gunakake

panyangga. Pateni mode peteng yen kondisi cahya apik, kanggo nambah kualitas video.

Olahraga

Gunakake kanggo video sing obyeke obah cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem amarga

obah.

Nilai ekspos

Setelan iki ngidini sampeyan nemtokake jumlah cahya ing gambar sing dijupuk. Angka sing luwih

dhuwur nuduhake cahya sing tambah akeh.

Imbang putih

Setelan imbang putih nyetel imbangan werna miturut kondisi cahya.

Otomatis

Nyetel imbangan werna kanthi otomatis miturut kondisi cahya.

Pijar

Nyetel imbangan werna kanggo kondisi cahya anget, kayata ing ngisor lampu bolam.

Fluoresensi

Nyetel imbangan werna kanggo cahya lampu neon.

Awan

Nyetel imbangan werna kanggo panggunaan kondisi njaba ruangan kanthi cahya srengenge.

Mendhung

Nyetel imbangan werna kanggo langit mendhung.

Atur wektu potret

Kanthi timer poto sampeyan bisa ngrekam video tanpa nyekeli telpon. Gunakake

kanggo ngrekam video kelompok supaya kabeh wong bisa direkam ing video.

Sampeyan uga bisa nggunakake timer poto supaya kamera ora goyang nalika

ngrekam video.

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Off

Video wiwit direkam sanalika sampeyan nutul layar kamera.

Cara njupuk

Pilih cara sing sampeyan gunakake kanggo ngrekam video.

Tombol layar

Rekam video kanthi nggunakake tombol layar in layar kamera.

Jupuk demek

Ngenali area fokus tartamtu kanthi nutul layar kamera nganggo driji.

Mung tombol kamera

Rekam video mung kanthi nggunakake tombol kamera piranti keras.

Mikropon

Pilih manawa arep ngrekam swara lingkungan nalika ngrekam video.

71

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Swara kamera

Pilih arep nguripakake utawa mateni swara nalika ngrekam video.

72

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.