
Nyambung menyang jaringan nirkabel
Sampeyan bisa ngakses Internet kanthi nirkabel saka telpon nggunakake teknologi
Wi-Fi®. Kanthi cara iki sampeyan bisa nelusur web lan ngakses tarif telpon lan data
sing luwih murah.
Yen perusahaan utawa organisasi sampeyan nduwe jaringan pribadi virtual (VPN),
sampeyan bisa nyambung menyang jaringan iki nganggo telpon. Sampeyan bisa
nggunakake VPN kanggo ngakses intranet lan layanan internal liyane ing perusahaan
sampeyan.
Wi-Fi®
Kanthi nggunakake teknologi Wi-Fi® sampeyan bisa ngakses Internet nirkabel
nganggo telpon. Kanggo ngakses Internet nggunakake sambungan Wi-Fi®,
sampeyan kudu nelusuri dhisik banjur nyambung menyang jaringan Wi-Fi® sing
kasedhiya. Kekuwatan sinyal jaringan Wi-Fi® beda-beda gumantung lokasi telpon.
Pindhah nyedhak karo jalur akses Wi-Fi® bisa nambah kekuwatan sinyal.
Ngaktifake Wi-Fi®
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan.
3
Tutul 〇 ing jejere Wi-Fi supaya 〇 ganti dadi |. Telpon saiki bakal mindai
jaringan Wi-Fi® sing kasedhiya.
Iki perlu sawetara wektu nganti Wi-Fi® diaktifake.
Nyambung menyang jaringan Wi-Fi®
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan.
3
Priksa manawa fungsi Wi-Fi® wis aktif. Tutul Wi-Fi.
4
Ditampilake jaringan Wi-Fi® sing kasedhiya. Jaringan sing kasedhiya bisa uga
mbukak utawa ora aman. Jaringan sing mbukak dituduhake kanthi lan
jaringan sing aman dituduhake kanthi ing jejere jeneng jaringan Wi-Fi®.
5
Tutul jaringan Wi-Fi® kanggo nyambungake. Yen nyoba nyambung menyang
jaringan Wi-Fi® aman, sampeyan bakal dijaluk ngetik sandhi. ditampilake
ing baris status sawise disambungake.
Telpon sampeyan ngelingi jaringan Wi-Fi® sing disambungake. Sabanjure sampeyan ana ing
jangkoan jaringan Wi-Fi® sing disambungake sadurunge, telpon bakal nyambung kanthi
otomatis.
Ing sawetara lokasi, jaringan Wi-Fi® sing mbukak njaluk sampeyan mlebu menyang kaca web
sadurunge bisa ngakses jaringan. Hubungi administrator jaringan Wi-Fi® kanggo informasi
luwih lengkap.
Nyambung menyang jaringan Wi-Fi® liya
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Wi-Fi. Ditampilake jaringan Wi-Fi® sing
kadeteksi.
3
Tutul jaringan Wi-Fi® liyane kanggo nyambungake.
Mindai jaringan Wi-Fi® kanthi manual
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Wi-Fi.
3
Tutul Pindai. Telpon mindai jaringan Wi-Fi® lan nampilake dhaptar jaringan
sing kasedhiya.
4
Tutul jaringan Wi-Fi® ing dhaptar kanggo nyambung menyang jaringan.
87
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Nambah jaringan Wi-Fi® kanthi manual
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Wi-Fi.
3
Tutul Tambah jaringan.
4
Mlebu SSID Jaringan kanggo jaringan.
5
Tutul kolom Keamanan kanggo milih jinis keamanan.
6
Yen dijaluk, ketik sandhi.
7
Tutul Simpen.
Hubungi administrator jaringan Wi-Fi® kanggo entuk jeneng lan sandhi SSID Jaringan.
Setelan Wi-Fi® lanjut
Sadurunge nambahake jaringan Wi-Fi® kanthi manual, sampeyan kudu nguripake
setelan Wi-Fi® ing telpon.
Starus jaringan Wi-Fi®
Yen sampeyan disambungake menyang jaringan Wi-Fi® utawa yen kasedhiya
jaringan Wi-Fi® ing sacedhake, sampeyan bisa ndeleng status jaringan Wi-Fi®
kasebut. Sampeyan uga bisa ngaktifake telpon supaya ngabari manawa ana jaringan
Wi-Fi® dideteksi.
Ngaktifake kabar jaringan Wi-Fi®
1
Aktifake Wi-Fi®, yen durung aktif.
2
Saka Layar ngarep, tutul .
3
Temokake banjur tutul Setelan > Wi-Fi.
4
Penet .
5
Tutul Canggih.
6
Centhang kothak Kabar jaringan.
Ndeleng rincian informasi babagan jaringan Wi-Fi® sing sinambung
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Wi-Fi.
3
Tutul jaringan Wi-Fi® sing saiki disambungake. Rincian informasi jaringan bakal
ditampilake.
Kabijakan ora aktif Wi-Fi®
Kanthi nambahake kabijakan ora aktif Wi-Fi®, sampeyan bisa nemtokake kapan
ngalih saka Wi-Fi menyang data seluler.
Yen sampeyan ora sinambung menyang jaringan Wi-Fi®, telpon nggunakake sambungan data
seluler kanggo ngakses Internet (yen sampeyan wis nyiyapake lan ngaktifake sambungan data
seluler ing telpon).
Nambah kabijakan turu Wi-Fi®
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Wi-Fi.
3
Penet .
4
Tutul Lanjut.
5
Tutul Wi-Fi tetep aktif sajrone turu.
6
Pilih salah siji.
Nuduhake koneksi data seluler telpon
Sampeyan bisa nuduhake sambungan data seluler telpon karo siji komputer nganggo
kabel USB. Proses iki disebut nambatake USB. Sampeyan uga bisa nuduhake
koneksi data telpon nganggo wolung piranti sanalika, kanthi ngowahi telpon dadi
hotspot Wi-Fi® portabel.
Nalika telpon lagi nuduhake koneksi datane, lambang ing ngisor iki bisa katon ing
garis status utawa ing panel Kabar:
88
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Tambatan USB aktif
Hotspot Wi-Fi® portabel aktif
Nganggo bareng sambungan data nggunakake kabel USB
1
Mateni sambungan kabel USB menyang piranti.
2
Nganggo kabel USB sing digawakake bareng karo telpon, sambung piranti
menyang komputer.
3
Seret mudhun garis status, banjur tutul .
4
Tutul Liyane... > Nyambungake & hotspot portebel.
5
Centhang kothak Sambungan USB. dituduhake ing garis status yen
sampeyan wis nyambung.
6
Kanggo mungkasi enggo bareng sambungan data, busak centhang ing kothak
Sambungan USB
, utawa jabut kabel USB kanggo.
Sampeyan ora bisa enggo bareng sambungan data piranti lan kertu SD liwat kabel USB
bebarengan.
Nggunakake piranti minangka hotspot Wi-Fi® portabel
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Nyambungake & hotspot portebel.
3
Tutul Setelan hotspot Wi-Fi portabel > Konfigurasi hotspot Wi-Fi.
4
Tik SSID Jaringan kanggo jaringan. Tutul kolom Keamanan kanggo milih jinis
keamanan.
5
Yen dijaluk, tik sandhi.
6
Tutul Simpen.
7
Wenehi tandha ing kothak Hotspot Wi-Fi portebel. Piranti wiwit nyebarake
jeneng jaringan Wi-Fi (SSID). Nganti wolung komputer utawa piranti-piranti
liyane saiki bisa nyambung karo jaringan iki.
8
Busak tandha ing kothak centhang Hotspot Wi-Fi portebel yen sampeyan
pengin ngendhegake enggo bareng sambungan data liwat Wi-Fi®.
Ngganti jeneng utawa ngamanake hotspot portebel
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Liyane... > Nyambungake & hotspot
portebel
.
3
Tutul Konfigurasi hotspot Wi-Fi.
4
Mlebu SSID Jaringan kanggo jaringan.
5
Kanggo milih jinis keamanan, tutul kolom Keamanan.
6
Yen dijaluk, ketik sandhi.
7
Tutul Simpen.