
Ngirim kontak menyang telpon anyar
Ana sawetara cara kanggo ngirim kontak menyang telpon anyar. Pilih cara kirim sing
paling cocok karo kahanan.
Ngirim kontak nggunakake PC
Sampeyan bisa nggunakake PC kanggo ngirim kontak saka sawetara merek telpon,
kalebu iPhone, Samsung, HTC lan Nokia.
Sampeyan mbutuhake:
•
PC kasambung internet sing nganggo Windows
®
•
Kabel USB telpon sing lawas
•
Kabel USB kanggo telpon Android™ sing anyar
42
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

•
Telpon sing lawas
•
Telpon Android™ sing anyar
Nggunakake program PC Companion kanggo ngirim kontak
Yen sampeyan ngirim kontak nganggo PC, gunakake program PC Companion.
Aplikasi iki gratis, lan file panginstalan wis disimpen ing telpon sampeyan. PC
Companion uga nawakake macem-macem fitur, kalebu pitulung kanggo nganyari
piranti lunak telpon.
Nginstal PC Companion
1
Telpon anyar
: Uripake telpon Android™ banjur sambung karo PC kanthi
nggunakake kabel USB.
2
Telpon anyar
: Tutul Instal kanggo instal PC Companion menyang PC.
3
Komputer
: Yen jendhela nyembul katon, pilih
Run Startme.exe. Ing jendhela
nyembul anyar sing katon, klik
Install kanggo wiwit pasang banjur turuti prentah
kanggo ngrampungi pamasangan.
Ngirim kontak kanthi otomatis menyang telpon anyar nggunakake PC Companion
1
Pesthekake yen PC Companion wis kainstal ing PC.
2
Bukak program PC Companion ing PC, banjur klik
Contacts Setup lan turuti
prentah kanggo ngirim kontak.
Ngirim kontak nggunakake komputer Apple® Mac®
Prentah rinci caranya nggunakake komputer Apple Mac kanggo ngirim kontak saka
telpon sing lawas, pindhah menyang
Transfer your contacts.
Ngirim kontak nggunakake akun sinkronisasi
Ponsel sampeyan cocog karo akun sinkronisasi online populer kayata Google Sync™,
Microsoft
®
Exchange ActiveSync
®
utawa Facebook™. Yen wis sink kontak ing telpon
sing lawas utawa ing komputer nganggo akun online, sampeyan bisa ngirim kontak
menyang ponsel anyar kanthi nggunakake akun kasebut. Kanggo informasi rinci
babagan sinkronisasi, waca Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan ing
kaca 95.
Kanggo nyinkronake kontak telpon karo sawijine akun sinkronisasi
1
Saka Layar ngarep, tunyuk , banjur tunyuk .
2
Pencet , banjur tunyuk Setelan > Akun & sink.
3
Kanggo nggawe akun sinkronisasi, tunyuk Tambah akun banjur tindakake
pandhuan ing layar. Yen sampeyan wis nyiyapake akun sinkronisasi lan pengin
nggawe sinkron karo akun kasebut, tunyuk akun, pencet , banjur tunyuk
Selarasake saiki
.
Ngirim kontak saka kertu SIM
Kanggo ngimpor kontak saka kertu SIM
1
Saka Layar ngarep, tutul , banjur tutul .
2
Penet , banjur tutul Impor kontak > Kertu SIM.
3
Yen sampeyan wis nyiyapake akun panyelaras, sampeyan bisa milih kanggo
nambahake kontak kertu SIM menyang akun kasebut. Utawa sampeyan bisa
milih mung arep nggunakake kontak-kontak sing ing telpon. Pilih pilihan sing
disenengi.
4
Kanggo ngimpor kontak individu, golek banjur tunyuk kontak kasebut. Kanggo
ngimpor kabeh kontak, tutul Impor kabeh.
Ngirim kontak saka kertu memori
Kanggo ngimpor kontak saka kertu memori
43
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

1
Saka Layar ngarep, tunyuk , banjur tunyuk .
2
Penet , banjur tunyuk Impor kontak > Kertu memori.
3
Yen sampeyan wis nyiyapake akun panyelaras, sampeyan bisa nambahake
kontak kertu memori sing wis diimpor menyang akun kasebut. Utawa sampeyan
bisa milih mung arep nggunakake kontak sing wis diimpor ing telpon. Pilih
pilihan sing disenengi.
4
Yen sampeyan duwe file vCard luwih saka siji ing kertu Memori, ana dhaptar
katon sing nuduhake perangan kontak telpon, lengkap karo tanggal sing
gegandhengan karo nalika kontak digawe. Pilih kumpulan sing pengin diimpor.
Nampa kontak saka piranti liyane
Kanggo nampa data kontak sing dikirim nganggo teknologi Bluetooth™
1
Priksa sampeyan wis nguripake fungsi Bluetooth™ lan telpon wis disetel
supaya katon. Yen ora, sampeyan ora bisa nampa data saka piranti liyane.
2
Nalika dijaluk supaya konfirmasi yen sampeyan arep nampa file apa ora, tutul
Tampa
.
3
Seret mudhun panel Kabar banjur tutul file sing ditampa kanggo ngimpor data
kontak.
Kanggo nampa kontak sing dikirim kanthi nggunakake layanan olahpesen
1
Nalika nampa pesen teks anyar, pesen multimedia, utawa pesen email, bukak
pesen kasebut.
2
Dhata kontak sing ditampa katon minangka lampiran vCard. Tunyuk utawa tutul
terus file vCard kanggo mbukak menu supaya sampeyan bisa nyimpen data
kontak kasebut.