
Baterei
Ngisi daya baterei
Baterei telpon wis diisi separo nalika sampeyan tuku telpon. Perlu sawetara menit
nganti lambang baterei ditampilake ing layar nalika sampeyan nyambungake kabel
pangisi daya menyang sumber listrik, kayata port USB utawa pangisi daya telpon.
Sampeyan isih bisa nggunakake telpon nalika diisi daya. Ngisi daya telpon nganti
suwe banget, umpamane sawengi nutug, ora bakal ngrusak baterei utawa telpon.
Baterei bakal kalong sethitik sawise diisi daya nganti kebak banjur ngisi maneh daya sawise
sawetara wektu nalika pangisi daya disambungake. Iki tujuane supaya umur baterei awet lan
status pangisian daya nuduhake tingkat kurang saka 100 persen.
Ngisi daya piranti
13
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

1
Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.
2
Tancepake pucuk kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB
ing komputer).
3
Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port mikro USB ing piranti, kanthi
lambang USB madhep munggah. LED status baterei bakal murup nalika ngisi
daya diwiwiti.
4
Yen warna LED status baterei ijo, tegese piranti wis diisi daya nganti kebak.
Jabut kabel USB saka piranti kanthi narik nanging aja nganti nekuk. Aja nganti
nekuk konektor nalika njabut kabel saka piranti.
Yen daya baterei kosong, bisa diperlokake sawetara menit sadurunge lampu LED murup
sawise kabel pangisi daya disambungake menyang sumber listrik.
Status baterei LED
Ijo
Isi daya baterei wis kebak
Abang kethip-kethip
Baterei kari sethithik
Oranye
Baterei lagi diisi daya. Tingkat baterei sedheng
Mriksa level baterei
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Babagan telpon > Status > Tingkat baterei.
Ngapikake kinerja baterei
Tips ngisor iki bisa nulung ngapikake kinerja baterei:
•
Kerepa ngisi daya baterei piranti. Iki ora nggawa dampak tumrap jangka wektune
baterei.
•
Ngundhuh data saka internet iku nganggo daya akeh. Yen lagi ora nggunakake
internet, sampeyan bisa ngirit daya kanthi mateni kabeh sambungan data sing liwat
jaringan seluler. Sampeyan bisa nindakake iki saka Setelan > Liyane... > Jaringan
mobile
> Lalu lintas data. Setelan iki ora ngalangi piranti ngirim data liwat jaringan
nirkabel liyane.
•
Pateni GPS, Bluetooth™ lan Wi-Fi® nalika ora mbutuhake fitur-fitur kasebut.
Sampeyan bisa nguripake lan mateni fitur-fitur kasebut kanthi luwih gampang kanthi
nambahake widget setelan Cepet menyang Layar ngarep. Sampeyan ora perlu mateni
3G.
•
Setel aplikasi sinkronisasi (digunakake kanggo nyelarasake email, tanggalan, lan
kontak) kanggo nyelarasake kanthi manual. Sampeyan uga bisa nyelarasake kanthi
otomatis, nanging bakal nambah interval sinkronisasi.
•
Priksa menu panggunaan baterei ing piranti kanggo ndeleng aplikasi endi sing
nggunakake daya paling akeh. Baterei nganggo daya luwih akeh nalika sampeyan
nggunakake aplikasi video lan streaming musik, kayata YouTube™. Sawetara aplikasi
Android Market™ uga nganggo daya luwih akeh.
•
Tutup lan metu saka aplikasi sing ora digunakake.
•
Mudhunake level padhang tampilan layar.
•
Pateni piranti utawa gunakake Mode pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing
ora kajangko area jaringan. Yen ora, piranti bakal bola-bali nlusur cepet jaringan sing
kasadhiya, lan iki nggunakake daya.
•
Gunakake piranti tanpa nyekel asli saka Sony kanggo ngrungokake musik. Piranti
tanpa nyekel nggunakake daya baterei luwih sethithik tinimbang spiker piranti.
•
Aktifake piranti ing siyaga kapan wae yen bisa. Wektu siyaga nuduhake wektu sajrone
piranti disambungake menyang jaringan lan lagi ora digunakake.
Ngakses menu panggunaan baterei
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Baterei kanggo ndeleng aplikasi endi sing
diinstal sing paling akeh nggunakake daya baterei.
14
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Nambahake widget Lalu lintas data menyang layar Ngarep
1
Saka Layar ngarep, penet .
2
Tunyuk Tambah > Widget > Alat.
3
Gulung cepet ngiwa lan pilih widget Kiriman data. Sampeyan saiki bisa
nguripake lan mateni sambungan data kanthi luwih gampang.
Nambahake widget setelan Quick menyang layar
1
Saka Layar ngarep, penet .
2
Tunyuk Tambah > Widget > Alat.
3
Milih widget Setelan cepet.
Ngurangi konsumsi daya baterei nganggo Power Saver
Gunakake mode hemat daya prasetel kanggo ngatur aplikasi sing nguras daya lan
ngurangi konsumsi daya baterei. Nganggo Power Saver, sampeyan uga bisa
matutake setelan ing saben mode hemat daya supaya cocog karo cara panggunaan
telpon sampeyan.
Ngaktifake mode hemat daya
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Ngirit Daya.
3
Tutul lambang ing jejere mode hemat daya sing pengin diaktifake.
Mateni mode hemat daya
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Ngirit Daya.
3
Tutul lambang sing murup ing jejere mode hemat daya sing aktif kanggo
mateni.
Nggenti setelan kanggo mode irit daya
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tunyuk Ngirit Daya.
3
Kanggo mbukak menu setelan, tutul jeneng mode ngirit daya.
4
Setel setelan kaya sing dipengini kanggo ngirit daya.
5
Tutul .
Nampilake kabar irit daya
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul Ngirit Daya.
3
Tutul .
4
Centhang kothak Baris status.