Sony Xperia E - Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi

background image

Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi

Mbukak aplikasi saka trabasan ing Layar ngarep utawa saka layar Aplikasi.

Layar aplikasi

Layar Aplikasi, sing dibukak saka Layar ngarep, ngemot aplikasi sing katut diinstal

nganggo telpon bebarengan karo aplikasi sing diundhuh.
Layar Aplikasi bisa ngluwihi ambane layar reguler, dadi sampeyan perlu ngggulung

cepet ngiwa lan nengen kanggo ndeleng kabeh isi.

Kanggo mbukak layar Aplikasi

Saka Layar ngarep, tunyuk .

Kanggo nelusur layar Aplikasi

Bukak layar Aplikasi, banjur gulung cepet nengen utawa ngiwa.

Kanggo nggawe trabasan menyang aplikasi ing layar Ngarep

1

Saka Layar ngarep, tunyuk .

2

Tutul terus aplikasi nganti katon ing Layar ngarep, banjur seret menyang lokasi

sing dipengini.

Nganggo bareng aplikasi saka layar Aplikasi

1

Saka Layar ngarep, tunyuk .

2

Tutul terus aplikasi nganti katon ing Layar ngarep, banjur seret item kasebut

menyang

.

3

Pilih salah siji opsi banjur konfirmasi, yen prelu. Sampeyan saiki bisa nganggo

bareng aplikasi sing dipengini karo kanca sing bisa ngundhuh lan nggunakake

aplikasi kasebut.

Mbukak lan nutup aplikasi

Kanggo mbukak aplikasi

Saka Layar ngarep utawa layar Aplikasi, tutul aplikasi.

20

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Kanggo mindhah aplikasi

Pencet .

Sawetara aplikasi dadi ngaso yen sampeyan menet kanggo metu, nanging aplikasi liyane

bisa terus aktif ing latar mburi. Yen mengkono, liya wektu yen sampeyan mbukak aplikasi,

sampeyan bisa nerusake sing ketundha. Elinga yen ing sawetara aplikasi sampeyan kudu

mbayar biaya sambungan data nalika diuripake ing latar mburi, contone, layanan jaringan

sosial.

Jendhela aplikasi sing bubar digunakake

Sampeyan bisa ndeleng lan ngakses aplikasi sing bubar digunakake saka jendhela iki.

Mbukak jendhela aplikasi sing bubar digunakake

Pencet terus .

Menu aplikasi

Sampeyan bisa mbukak menu sawayah-wayah nalika nggunakake aplikasi kanthi

mencet tombol ing telpon. Menu katon beda-beda gumantung saka aplikasi sing

digunakake.

Mbukak menu ing aplikasi

Nalika nggunakake aplikasi, pencet .

Menu ora kasedhiya ing kabeh aplikasi.

Ngatur maneh layar Aplikasi

Mindhah-mindhah aplikasi mubeng ing layar Aplikasi miturut pilihan.

Ngatur aplikasi ing layar Aplikasi

1

Saka Layar ngarep, tunyuk kanggo mbukak layar Aplikasi .

2

Tunyuk banjur pilih salah siji.

Kanggo mindhah aplikasi ing layar Aplikasi

1

Bukak layar Aplikasi, banjur tutul .

2

Tutul terus item nganti dadi gedhe lan telpon geter, banjur seret item menyang

lokasi anyar.

3

Tutul kanggo metu mode owahi.

Sampeyan mung bisa mindhah aplikasi yen dipilih.

Mbusak instal aplikasi saka layar Aplikasi

1

Saka Layar ngarep, tunyuk .

2

Tunyuk . Kabeh instalan aplikasi sing ora bisa dibusak ditandhani nganggo

lambang .

3

Tunyuk aplikasi sing pengin dibusak instal, banjur tunyuk OK.