Sony Xperia E - Ngetik teks

background image

Ngetik teks

Keyboard layar

Tunyuk tombol ing keyboard QWERTY sing ana ing layar kanggo ngetik. Sawetara

aplikasi mbukak keyboard layar kanthi otomatis. Sampeyan uga bisa mbukak

keyboard iki kanthi nutul kolom teks.

Nggunakake keyboard layar

1 Ngganti huruf gedhe-cilik lan nguripake tombol huruf kapital. Kanggo sawetara basa, tombol iki

digunakake kanggo ngakses huruf ekstra ing basa kasebut.

2 Nutup tampilan keyboard layar

3 Tampilake nomer lan simbol. Tutul terus kanggo nampilake smiley.

4 Ngetik spasi

5 Mbukak menu setelan input kanggo ngganti, umpamane, Basa tulis. Tombol iki uga ngganti basa nulis

nalika dipilih luwih saka siji basa input.

6 Ngetik tombol bali utawa konfirmasi input teks

7 Mbusak huruf sadurunge kursor

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake telpon.

Nuduhake keyboard layar kanggo ngetik teks

Tunyuk kolom entri teks.

Ndhelikake keyboard layar

Nalika tombol layar mbukak, penet .

Nggunakake keyboard layar ing orientasi malang

Nalika ngetik teks, puter telpon ing posisi miring.

Supaya keyboard ndhukung fitur iki, aplikasi sing digunakake kudu ndhukung mode malang,

lan setelan orientasi layar kudu disetel menyang otomatis.

Ngetik teks nggunakake keyboard layar

Kanggo ngetik karakter sing ana ing keyboard, tunyuk karakter kasebut.

Kanggo ngetik karakter liyane, tutul terus karakter keyboard biasane kanggo

entuk dhaptar pilihan sing kasedhiya, banjur pilih saka dhaptar. Umpamane,

kanggo ngetik "é", tutul terus "e" nganti ditampilake pilihan liyane, banjur, kanthi

tetep menet driji ing keyboard, seret lan pilih "é".

24

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngalih antarane huruf kapital lan huruf cilik

Sakdurunge sampeyan ngetik layang, tunyuk kanggo ngalih menyang baris

ndhuwur , utawa sakwalike.

Ngaktifake huruf kapital

Sadurunge ngetik tembung, tunyuk utawa nganti katon.

Ngetik angka utawa simbol

Nalika ngetik teks, tunyuk . Bakal ditampilake keyboard angka lan simbol.

Tunyuk kanggo ndeleng pilihan liyane.

Tik tandha waca sing umum

1

Yen wis rampung tik tembung, tutul bar spasi.

2

Pilih tandha waca saka bar calon. Tandha sing dipilih dilebokake sadurunge

spasi.

Kanggo ngetik titik kanthi cepet, tutul bar spasi kaping pindho yen sampeyan wis rampung

ngetik tembung.

Ngetik smiley

1

Nalika ngetik teks, tutul terus .

2

Pilih smiley.

Kanggo mbusak karakter

Tunyuk kanggo nyeleh kursor sakwise karakter sing arep dibusak, banjur

tunyuk .

Kanggo ngetik tombol bali

Nalika ngetik teks, tutul kanggo ngetik tombol bali.

Milih teks

1

Tik sawetara teks, banjur tutul terus teks mau. Tembung sing ditutul bakal

disorot ing tab loro-lorone.

2

Seret tab ngiwa utawa nengen kanggo milih teks liyane.

Ngowahi teks ing orientasi ngadeg

1

Nalika ngetik teks, demek terus kolom teks nganti ditampilake baris aplikasi.

2

Pilih teks sing arep diowahi, banjur gunakake baris aplikasi kanggo ngowahi

kaya sing dikarepake.

Kanggo nempelake teks menyang clipboard, sampeyan uga bisa nahan kolom teks nganti

ditampilake Tempel, banjur tutul Tempel.

Baris aplikasi

1

Nutup baris aplikasi

2

Milih kabeh teks

3

Motong teks

4

Nyalin teks

5

Nempel teks

mung ditampilake yen sampeyan nyimpen teks ing clipboard.

25

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nganggo guna Tulis gangsar kanggo nulis tembung

Sampeyan bisa nulis teks kanthi ngusapake driji saka huruf menyang huruf liyane ing

tombol layar ing layar. Angkat driji antarane tembung supaya telpon bisa ngenali.

Tulis gangsar mung kasedhiya yen sampeyan nggunakake tombol layar.

Ngetik teks kanthi nggunakake fungsi Tulis gangsar

1

Nalika sampeyan ngetik teks kanthi nggunakake tombol layar, geser driji saka

huruf menyang huruf kanggo ngeja tembung sing arep ditulis. Angkat driji

sawise sampeyan rampung ngetik tembung.

2

Telpon nyaranake tembung adhedhasar huruf sing dilacak. Yen perlu, pilih

tembung sing bener ing garis calon. Kanggo ndeleng pilihan liyane, gulung

nengen utawa ngiwa ing garis calon tembung. Yen sampeyan ora bisa nemu

tembung sing dikarepake, tutul sepisan kanggo mbusak kabeh tembung.

Terus coba maneh nglacak tembung nganggo Tulis gangsar, utawa tutul saben

hurup kanggo ngetikake tembung.

3

Yen setelan Spasi sadurunge nyeret diuripake, gesek kanggo ngetik tembung

sakbanjure. Yen ora, tutul spasi lan lacak tembung sabanjure sing pengin

diketik.

Kanggo ngetik tembung camboran nalika setelan Spasi sadurunge nyeret urip, geser

menyang bagean kapisan tembung, banjur tutul huruf liyane kanggo ngetik tembung nganti

rampung.

Nggenti setelan Tulis gangsar

1

Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar, tutul . Yen sampeyan wis milih

basa nulis luwih saka siji, demek terus .

2

Tunyuk Setelan input teks.

3

Tandhani utawa busak tandha kothak Tulis gangsar.

4

Yen sampeyan pengin kanthi otomatis nambah spasi ing antarane obahe driji

tanpa kudu saben-saben nutul bar spasi, tandhani kothak Spasi sadurunge

nyeret

.

Phonepad

Phonepad iku padha karo keypad telpon standar 12 tombol. Phonepad menehi pilihan

input teks prediktif lan multitap. Sampeyan bisa ngaktifake cara input teks Phonepad

liwat setelan keyboard. Phonepad mung kasedhiya ing orientasi mujur.

Nggunakake Phonepad

1 Milih opsi input teks

2 Ngganti huruf gedhe-cilik lan nguripake tombol huruf kapital

3 Nampilake angka

4 Nampilake simbol lan smiley

5 Ngetik spasi

26

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

6 Mbukak menu setelan input kanggo ngganti, umpamane, Basa tulis. Tombol iki uga ngganti basa nulis

nalika dipilih luwih saka siji basa input.

7 Ngetik tombol bali utawa konfirmasi input teks

8 Mbusak karakter sadurunge kursor

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake telpon.

Mbukak Tombol telpon sing sepisanan

1

Tutul kolom entri teks, banjur tutul , utawa demek terus yen sampeyan wis

milih basa input luwih saka siji.

2

Tutul Layout papan tombol banjur pilih pilihan.

Yen wis milih pilihan layout papan tombol, sampeyan bisa nguripake Tombol telpon kanthi

nutul kolom entri teks.

Ngoper ing antarane tombol layar lan Tombol telpon

1

Nalika ngetik teks, tutul , utawa demek terus yen sampeyan wis milih basa

input luwih saka siji.

2

Tutul Layout papan tombol banjur pilih pilihan.

Elinga, Tombol telpon mung kasedhiya ing orientasi ngadeg.

Ngetik teks nggunakake Phonepad

Nalika nggunakake Phonepad, sampeyan bisa milih saka rong pilihan input:

Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk saben karakter mung sapisan, sanajan

huruf sing dipengini dudu huruf kaping pisanan ing tombol kasebut. Tunyuk tembung

sing ditampilake utawa tunyuk kanggo ndeleng saran tembung liyane banjur pilih

saka dhaptar.

Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk tombol ing layar kanggo karakter sing

pengin diketik. Penet terus nganti ditampilake karakter sing dipengini. Banjur

tindakake padha kanggo karakter liyane sing pengin diketik.

Ngetik angka nggunakake Phonepad

Nalika Phonepad mbukak, tunyuk . Phonepad angka bakal ditampilake.

Nyisipake simbol lan smiley nggunakake Phonepad

1

Nalika Phonepad mbukak, tunyuk

. Ditampilake kothak karo simbol lan

smiley.

2

Gulung munggah utawa mudhun kanggo ndeleng pilihan liyane. Tunyuk simbol

utawa smiley kanggo milih.

Setelan Keyboard lan Phonepad

Sampeyan bisa milih setelan kanggo keyboard layar lan Phonepad, kayata basa nulis

lan koreksi otomatis.

Ngakses setelan keyboard lan Phonepad

Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar utawa Phonepad, tunyuk . Yen

sampeyan wis milih luwih saka siji basa nulis, tutul terus .

Ngganti basa nulis nggunakake keypad layar utawa Phonepad

1

Nalika ngetik teks, tunyuk , utawa tutul terus yen sampeyan wis milih basa

input luwih saka siji.

2

Tunyuk Basa tulis banjur pilih basa sing pengin digunakake kanggo nulis.

3

Yen sampeyan milih luwih saka siji basa input, tunyuk kanggo ngalih ing

antarane basa nulis sing dipilih.

Ngalih papan tombol

1

Nalika ngetik teks, seret mudhun baris status kanggo mbukak panel Kabar.

2

Tutul Pilih Cara Input, banjur pilih salah siji.

27

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Setelan input teks

Nalika ngetik teks, sampeyan bisa ngakses menu setelan input teks sing mbantu

nyetel pilihan prediksi teks. Umpamane, sampeyan bisa nemtokake cara telpon

nuduhake alternatif tembung lan tembung sing bener nalika ngetik, utawa ngaktifake

aplikasi input teks kanggo ngeling-ngeling tembung anyar sing ditulis.

Ngganti setelan input teks

1

Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar utawa Phonepad, tunyuk ,

utawa tutul terus .

2

Tunyuk Setelan input teks.

3

Pilih setelan sing dipengini.