
Nggunakake layar demek
Lembar plastik pelindhung ditempelake ing layar telpon nalika sampeyan tuku telpon
anyar. Lembaran iki kudu diklethek sadurunge nggunakake layar demek. Yen ora,
layar demek ora bisa digunakake kanthi bener.
Nalika telpon urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit
daya baterei, lan ngunci sakcara otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa
kasengaja ing layar demek nalika sampeyan lagi ora nggunakake telpon. Sampeyan
uga bisa nyetel kunci pribadhi kanggo nglindhungi langganan lan mesthekake yen
mung sampeyan bisa ngakses isi telpon.
Layar telpon sampeyan digawe saka kaca. Aja ndemek layar yen kaca retak utawa pecah. Aja
njajal ndandani dhewe layar sing rusak. Layar kaca sentisif kena benturan lan goncangan
mekanis. Rusak amarga sembrono ora dijamin dening layanan garansi Sony.
Mbukak utawa nyorot item
•
Tunyuk item.
15
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Nandhani pilihan
Kothak sing dicenthang
Kothak sing ora dicenthang
Pilihan dhaptar sing dicenthang
Pilihan dhaptar sing ora dicenthang
Nyenthang utawa mbusak pilihan
•
Tutul kothak sing cocog utawa pilihan dhaptar.
Zoom
Pilihan zoom sing kasedhiya gumantung menyang aplikasi sing digunakake.
Zoom
•
Yen kasedhiya, tunyuk
utawa
kanggo nggedhekake utawa nyilikake.
Sampeyan bisa uga kudu nyeret layar (sembarang arah) supaya lambang zoom ditampilake.
Atur ukuran nganggo driji loro
•
Tempelake rong driji ing layar banjur ciutake bareng-bareng (kanggo nyilikake)
utawa ambakake (kanggo nggedhekake).
Gunakake fungsi zoom nalika ndeleng potret lan peta, utawa nalika njlajah web.
Nggulung
Gulung kanthi ngobahake driji menduwur utawa mengisor ing layar. Ing sawetara kaca
web sampeyan bisa uga nggulung nyamping.
Nyeret utawa nggulung cepet ora bakal mengaruhi layar.
16
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Nggulung
•
Seret utawa gulung cepet driji menyang arah sing arep digulung ing layar.
Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing layar.
Nggulung cepet
•
Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing
layar. Sampeyan bisa ngenteni obahe nggulung nganti mandheg dhewe, utawa
bisa dumadakan nyetop kanthi nunyuk layar.
Sensor
Piranti sampeyan duwe sensor sing bisa ndeteksi jarak. Sensor jarak mateni layar
demek sajrone telpon swara nalika kuping sampeyan cedhak layar. Iki ngalangi
sampeyan supya ora sengaja ngaktifake sawetara fungsi piranti nalika sampeyan
nelpon.