
Nyelarasake telpon miturut kabutuhan
Matutake telpon karo kabutuhan kanthi ngatur, umpamane, ringtone pribadhi, basa
telpon lan setelan Privasi.
Nyetel volume
Sampeyan bisa nyetel volume nada dering kanggo telpon lan kabar uga kanggo muter
maneh musik lan video.
Ngatur volume dering nganggo tombol volume
•
Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.
Ngatur volume pamuter media nganggo tombol volume
•
Nalika muter musik utawa nonton video, pencet tombol volume munggah utawa
mudhun.
Nyetel telpon menyang mode bisu
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Swara.
3
Pilih Mode bisu, banjur pilih Bisu.
Nyetel telpon menyang mode kedher
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Swara.
3
Pilih Mode bisu, banjur pilih Kedher.
Nyetel telpon menyang mode kedher lan dering
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Swara.
3
Pilih Mode bisu, banjur pilih Mati.
4
Centhang kothak Kedher yen dering.
Mbanterake swara speaker
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Swara.
3
Centhang kothak xLOUD™.
Wektu lan tanggal
Sampeyan bisa ngganti wektu lan tanggal ing telpon.
Nyetel tanggal kanthi manual
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.
3
Busak centhang ing kothak Tanggal & wektu otomatis, yen dicenthang.
4
Tutul Setel tanggal.
5
Atur tanggal kanthi nggulung munggah utawa mudhun.
6
Tutul Setel.
28
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Nyetel wektu kanthi manual
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tunyuk Setelan > Tanggal & wektu.
3
Busak centhang ing kothakTanggal & wektu otomatis, yen dicenthang.
4
Tunyuk Setel wektu.
5
Gulung munggah utawa mudhun kanggo nyetel jam lan menit.
6
Yen cocok, gulung munggah kanggo ngganti AM dadi PM, utawa kosok balene.
7
Tunyuk Setel.
Nyetel zona wektu
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.
3
Busak centhang ing kothak Zona wektu otomatis, yen dicenthang.
4
Tutul Pilih zona wektu.
5
Pilih salah siji.
Nemtokake format tanggal
1
Saka Layar ngarep, tunyuk .
2
Temokake banjur tunyuk Setelan > Tanggal & wektu > Pilih format tanggal.
3
Pilih salah siji.
Setelan nada dering
Nyetel nada dering telpon
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tunyuk Setelan > Swara > Nada dering telpon.
3
Pilih nada dering.
4
Tunyuk Rampung.
Ngaktifake nada demek
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Swara.
3
Centhang kothak Nada demek dialpad lan Swara demekan.
Milih nada dering kabar
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Swara > Kabar gawan.
3
Pilih nada dering.
4
Tutul Rampung.
Setelan layar
Nyetel padhange layar
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul Setelan > Tampilan > Padhang.
3
Seret tandha geser kanggo ngatur padhange layar.
4
Tutul OK.
Tingkat padhang nggawa efek marang kinerja baterei. Kanggo tips carane ngapikake kinerja
baterei, waca
Ngapikake kinerja baterei
.
Nyetel layar supaya kedher
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Swara.
3
Centhang kothak Kedher yen demek. Saiki layar kedher yen sampeyan nutul
tombol-tombol ing layar lan aplikasi tartamtu.
29
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Ngatur wektu meneng sadurunge layar dipateni
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Tampilan > Turu.
3
Pilih salah siji.
Kanggo cepet mateni layar, penet tombol daya sedhela wae.
Ngaktifake terus layar sajrone ngisi daya telpon
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Pilihan pangembang.
3
Centhang kothak Tetep siyaga.
Basa telpon
Sampeyan bisa milih basa sing pengin digunakake ing telpon.
Ngganti basa telpon
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Basa & input > Basa.
3
Pilih salah siji.
Yen sampeyan salah milih basa lan ora bisa maca teks menu, goleki lan tutul lambang Setelan
. Banjur pilih entri ing jejere
, lan pilih entri kapisan ing menu ngisor iki. Sampeyan banjur
bisa milih basa sing dipengini.
Mode pesawat
Ing mode Pesawat, jaringan telpon lan transceiver radio dipateni supaya ora
marakake gangguan tumrap piranti sing sensitif. Nanging, sampeyan isih bisa main
game, ngrungokake musik, nonton klip video lan isi liyane, anggere kabeh isi iki wis
disimpen ing kertu memori utawa panyimpenan internal. Sampeyan uga bisa diwenehi
kabar nganggo weker, yen weker wis diaktifake.
Nguripake mode Pesawat nyuda panggunaan baterei.
Ngaktifake mode Pesawat
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Temokake banjur tutul Setelan > Liyane....
3
Centhang kothak Mode pesawat.
Sampeyan uga bisa milih Mode pesawat saka menu Pilihan telpon. Kanggo ngakses menu
Pilihan telpon, penet terus tombol daya .