Sony Xperia E - Akun lan layanan

background image

Akun lan layanan

Mlebu menyang akun layanan online saka telpon lan entuk manfaat saka sawetara

layanan. Layanan kombinasi lan njupuk mupangat sing saya akeh. Umpamane,

ngumpulake kontak saka akun Google™ lan Facebook™ banjur nggabungake akun

mau menyang buku telepon, supaya kabeh disimpen ing sak panggonan.
Sampeyan bisa mlebu ing layanan online saka telpon lan uga saka komputer. Nalika

mlebu pisanan, ana akun sing digawe nganggo jeneng pangguna, sandhi, setelan lan

informasi pribadhi sampeyan. Liya wektu yen sampeyan mlebu, sampeyan bisa

ndeleng data sing wis digawe pribadhi.

Akun Google™

Duwe akun Google™ kuwi kunci kanggo nggunakake rerangken aplikasi lan layanan

ing telpon Android. Sampeyan mbutuhake akun Google™, contone, kanggo

nggunakake aplikasi Gmail™ ing telpon, kanggo ngobrol karo kanca-kanca kanthi

nggunakake Google Talk™, kanggo nyelarasake tanggalan sampeyan kanthi

nganggo Google Calendar™, lan kanggo ngundhuh aplikasi lan game, musik, pilem

lan buku saka Google Play™.

Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

account

Selarasake telpon karo akun Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

perusahaan

sampeyan. Kanthi mangkene, sampeyan bisa nglacak email, kontak lan acara

tanggalan perusahaan kapan wae.

Akun Facebook™

Facebook™ iku layanan jaringan sosial sing nyambungake sampeyan karo kaca,

kulawarga lan kolega sak jagad. Atur wiwitan Facebook ben bisa dianggo ing telpon

supaya sampeyan bisa tetep bisa dikontak saka ngendi wae.

Akun SyncML™

Sinkronisasi telpon karo server Internet nggunakake SyncML™. Deleng lan atur

kontak, acara tanggalan lan tetenger saka telpon kanthi gampang kaya nalika ngatur

nganggo komputer.

12

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.