Sony Xperia E - Apa iku Android™‎?

background image

Apa iku Android™?

Telpon pinter Xperia saka Sony mlaku nganggo platform Android. Ponsel Android bisa

nindakake fungsi sing padha akehe karo komputer lan sampeyan bisa ngatur miturut

kabutuhan. Contone, sampeyan bisa nambah utawa mbusak aplikasi, utawa

ningkatake aplikasi sing wis ana kanggo ngapikake kagunaan. Ing Google Play™

sampeyan bisa ngundhuh sawetara aplikasi lan game saka koleksi sing terus saya

akeh. Sampeyan uga bisa nggabungake aplikasi ing ponsel Android™ karo aplikasi

liyane lan karo layanan online sing digunakake. Contone, sampeyan bisa nggawe

serep kontak ponsel, ngakses akun email lan tanggalan saka sak panggonan, nglacak

janjian, lan aktif ing jaringan sosial.
Ponsel Android™ saya suwe saya apik. Yen versi piranti lunak anyar kasedhiya lan

ponsel sampeyan ndhukung piranti lunak anyar iki, sampeyan bisa nganyarake ponsel

kanthi njupuk fitur-fitur anyar lan pangapikan pungkasan.

Ponsel Android™ sampeyan wis diiseni layanan Google™. Kanggo ngoptimalake layanan

Google™ sing kasedhiya, sampeyan kudu nggawe akun Google™ lan mlebu ing akun

kasebut nalika sapisanan miwiti ponsel. Sampeyan uga kudu duwe akses internet kanggo

nggunakake fitur-fitur ing Android™.

Piranti lunak anyar sing mentas dirilis mbokmenawa ora kompatibel karo kabeh ponsel.