
Babagan radio FM
Radio FM ing ponsel sampeyan fungsine kaya radio FM liyane. Umpamane,
sampeyan bisa njlajah lan ngrungokake stasiun radio FM, lan nyimpen minangka sing
paling disenengi. Sampeyan kudu nyambungake piranti tanpa nyekel utawa piranti
kuping sing nganggo kabel menyang telpon supaya bisa nggunakake radio. Iki
amarga piranti tanpa nyekel utawa piranti kuping fungsine minangka antena. Sawise
salah sijine perangkat iki sambung, sampeyan bisa ngoper swara radio menyang
speaker telpon, yen pengin.
Nalika mbukak radio FM, saluran sing kasedhiya dituduhake kanthi otomatis. Yen saluran
tartamtu nduweni informasi RDS, info iki katon sawetara detik sawise sampeyan wiwit
ngrungokake saluran kasebut.
Kanggo miwiti radio FM
1
Sambungake headset utawa headphone karo telpon.
2
Saka Layar ngarep, tutul .
3
Temokake banjur tutul Radio FM . Saluran sing kasedhiya ditampilake sajrone
sampeyan nggulung ing sadawane pita frekuensi.
Nalika miwiti radio FM, saluran sing kasedhiya dituduhake kanthi otomatis. Yen saluran
tartamtu nduweni informasi RDS, info iki dituduhake sawise sawetara detik sampeyan miwiti
ngrungokake saluran kasebut.
Ngalih ing antarane saluran radio
Sampeyan bisa ngalih antarane saluran radio ing sadawane pita frekuensi kanthi:
•
Nggulung cepet munggah utawa mudhun.
•
Nyeret.
•
Nunyuk saluran utawa, yan kasehiya, informasi RDS (identifikasi stasiun).
Ringkesan radio FM
1
Munggah menyang sing paling disenengi sadurunge (kasedhiya yen sing paling disenengi wis
disimpen)
2
Frekuensi sing dirungokake
3
Nyimpen utawa mbusak saluran minangka sing paling disenengi
4
Mudhun menyang favorit sabanjure (kasedhiya yen favorit disimpen)
5
Saluran sing paling disenengi sing wis disimpen
6
Tombol radio urip/mati
63
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

7
Informasi RDS (Radio Data System) – ora kasedhiya ing kabeh negara/wilayah
8
Bukak aplikasi TrackID™