Sony Xperia E - Ringkesan setelan telpon

background image

Ringkesan setelan telpon

Sinaoni setelan ing telpon supaya sampeyan bisa nggawe setelan pribadi sing

dikepengini.

Wi-Fi

Ngaktifake utawa mateni Wi-Fi®, mindai jaringan Wi-Fi® sing

kasedhiya, utawa nambahake jaringan Wi-Fi®.

Bluetooth

Ngaktifake utawa mateni Bluetooth™, nlusuri piranti Bluetooth™

sing kasedhiya, lan nggawe telpon katon utawa ora katon

menyang piranti Bluetooth™ liyane.

Panggunaan data

Ngaktifake utawa mateni kiriman data seluler, lan nglacak rincian

panggunaan data ing wektu tartamtu.

Liyane...

Ngaktifake utawa mateni mode Pesawat, ngatur setelan kanggo

VPN lan jaringan Seluler, lan ngaktifake telpon kanggo nganggo

bareng sambungan data seluler minangka hotspot Wi-Fi®

portebel, liwat sambungan USB utawa sambungan Bluetooth™.

Setelan telpon

Ngatur lan ngonfigurasi setelan kanggo nomer telpon tetep,

surat swara lan telpon Internet.

Swara

Ngatur carane telpon dering, kedher, utawa menehi tandha

nalika sampeyan nampa komunikasi. Sampeyan uga bisa

nggunakake setelan iki kanggo nyetel volume musik, video,

game, utawa media liyane sing nganggo audio, lan ngatur

setelan sing ana gandhengane.

Tampilan

Ngidini layar telpon ngalih orientasi nalika sampeyan muter

telpon. Sampeyan uga bisa nyetel padhang, ukuran font,

wallpaper, lan wektu entek layar.

Panyimpenan

Mriksa ruang sing kasedhiya ing panyimpenan internal telpon lan

ing kertu SD. Sampeyan uga bisa mbusak kertu SD, utawa

medhot sambungan supaya aman nalika dicopot.

Baterei

Ndeleng status baterei telpon. Sampeyan uga bisa ndeleng

sepira suwene baterei telpon urip, lan cara macem-macem

aplikasi nggunakake daya baterei.

Aplikasi

Ngatur aplikasi sing mbukak, aplikasi sing diundhuh lan aplikasi

ing kertu SD.

Xperia™

Ngatur mode sambungan USB, jinis sambungan jaringan lan

setelan Internet. Sampeyan uga bisa ngaktifake fitur Facebook

ing aplikasi.

Akun & sink

Ngaktifake telpon kanggo nyelarasake data karo akun

panyelarasan sing ditambahake.

Layanan lokasi

Ngaktifake utawa mateni layanan lokasi Google, satelit GPS, lan

Lokasi & tlusuran Google.

Keamanan

Nglindhungi telpon kanthi nyetel macem-macem kunci lan

sandhi. Sampeyan uga bisa ngidini panginstalan aplikasi sing

asale ora saka Google Play™.

Basa & input

Milih basa telpon, ngatur pilihan input teks, nambahake tembung

menyang kamus pribadi lan ngatur setelan ucapan.

Gawe serep &

pamulihan

Nggawe serep data lan mulihake telpon.

109

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Tanggal & wektu

Nyetel wektu lan tanggal, utawa milih nilai sing disedhiyakake

jaringan. Milih format tanggal lan jam sing dikarepake.

Aksesibilitas

Ngaktifake layanan aksesibilitas sing wis diinstal lan ngatur

setelan sing ana gandhengane.

Pilihan

pangembang

Nyetel pilihan kanggo pangembangan aplikasi. Contone,

sampeyan bisa nuduhake panggunaan CPU ing layar telpon lan

nuduhake umpan balik visual kanggo demekan. Sampeyan uga

bisa nyetel telpon kanggo mlebu mode debug nalika USB

disambungake.

Babagan telpon

Ndeleng informasi babagan telpon, kayata nomer model, versi

firmware, nomer telpon lan sinyal. Sampeyan uga bisa nganyari

piranti lunak menyang versi paling anyar.