Sony Xperia E - Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan

background image

Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan

Ngakses pesen email, janjian tanggalan lan kontak perusahaan langsung saka telpon.

Ndeleng lan ngatur kabeh mau kanthi gampang kaya nalika nganggo komputer.

95

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Sawise persiyapan, sampeyan bisa nggolek informasi ing aplikasi Email, Tanggalan

lan Kontak.

Supaya sampeyan bisa ngakses fungsi kasebut ing ndhuwur, informasi perusahaan mau kudu

disimpen ing server Microsoft® Exchange.

Nyiyapake email, tanggalan lan kontak perusahaan ing telpon

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Tutul Setelan > Akun & sink.

3

Priksa manawa panyelarasan wis diaktifake supaya data bakal disinkronake

kanthi otomatis miturut interval panyelarasan sing wis disetel.

4

Tutul Tambah akun > Korporat.

5

Ketik alamat email lan sandhi perusahaan.

6

Tutul Sabanjure. Telpon miwiti njupuk maneh informasi akun sampeyan. Yen

ana kesalahan, hubungi administrator jaringan perusahaan kanggo informasi

luwih lengkap kayata jeneng domain lan alamat server Exchange.

7

Tutul OK kanggo ngidini server perusahaan ngontrol telpon sampeyan.

8

Milih data sing arep diselarasake karo telpon, kayata kontak lan entri tanggalan.

9

Yen dikarepake, aktifake administrator piranti kanggo ngidini server perusahaan

ngontrol fitur keamanan tartamtu ing telpon. Contone, ngidini server

perusahaan nyetel peraturan sandhi lan nyetel enkripsi panyimpenan.

10

Yen persiyapan wis rampung, ketik jeneng akun perusahaan supaya gampang

dikenali.

Ngowahi persiyapan email, tanggalan lan kontak perusahaan

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Tutul Setelan > Akun & sink banjur pilih akun perusahaan.

3

Tutul Setelan akun, banjur pilih akun perusahaan sing pengin diowahi.

4

Ganti setelan sing dipengini.

Nyetel interval panyelarasan kanggo akun perusahaan

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Tutul Setelan > Akun & sink banjur pilih akun perusahaan.

3

Tutul Setelan akun, banjur tutul akun perusahaan sing pengin disetel level

panyelarasane.

4

Tutul Frekuensi mriksa kothak mlebu banjur pilih opsi interval.

Mbusak akun perusahaan saka telpon

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Tutul Setelan > Akun & sink, banjur tutul akun perusahaan.

3

Penet , banjur tutul Busak akun.

4

Tutul Busak akun maneh kanggo konfirmasi.