
Tanggalan lan jam weker
Tanggalan
Babagan tanggalan
Ponsel nduwe tanggalan kanggo ngatur jadwal wektu sampeyan. Yen duwe akun
Google™, sampeyan uga bisa nyelarasake tanggalan ponsel karo tanggalan web.
Waca Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan ing kaca 95.
Nyetel tampilan tanggalan
1
Saka Layar ngarep, tunyuk , banjur temokake lan tunyuk Tanggalan.
2
Tunyuk banjur pilih salah siji opsi.
Ndeleng tanggalan luwih saka siji
1
Saka Layar ngarep, tunyuk , banjur temokake lan tunyuk Tanggalan.
2
Penet , banjur tunyuk Liyane > Tanggalanku.
3
Tutul kanggo milih tanggalan sing arep dideleng.
Nggawe acara tanggalan
1
Saka Layar ngarep, tunyuk , banjur tunyuk Tanggalan.
2
Penet , banjur tunyuk Acara anyar.
3
Ketik jeneng, wektu, lokasi lan katrangan acara.
4
Yen dikarepake, pilih opsi liyane ing Ambalan.
5
Pilih pangeling kanggo acara kasebut. Kanggo nambah pangeling anyar
menyang acara kasebut, tunyuk .
6
Tunyuk Simpen.
Nalika wektu janjian wis cedhak, telpon bakal muter swara cendhak kanggo ngelingake
sampeyan. Kajaba iku,
ditampilake ing garis status.
Ndeleng acara tanggalan
1
Saka Layar ngarep, tunyuk , banjur tunyuk Tanggalan.
2
Tunyuk acara sing pengin dideleng.
Ngganti setelan tanggalan
1
Saka Layar ngarep, tunyuk , banjur tunyuk Tanggalan.
2
Penet , banjur tunyuk Liyane > Setelan.
3
Tunyuk kanggo mbukak setelan sing pengin diganti, banjur owahi kaya sing
dikarepake.